Jumat, 30 November 2012

MISTERI RAMBUT NJENGKING

Malpraktek rambut njengking
Rambut jarene diarani mahkota wanita. Fungsine macem-macem tergantung letake. Modele juga saking akehe. Rambut sirah, fungsine sebagai penggenti topi/capil/helm ben ora kepanasan. Rambut njero irung, fungsine nggo nadahi upil. Angger langka rambut irunge, engko upile bisa langsung ngglundung tiba meng cangkem. Ngisin-isina mbok? Apa mening angger agi arep ngambung pacare ijik-ijik upile ngglundung meng lambene pacare gara-gara rambut irunge digundul, yah langsung ilfeel deh. Mulane gondrongkanlah rambut njero irung! Rambut tangan & sikil, fungsine nggo nutupi koreng ben ora dilaleri. Rambut alis, ben ra bisa ndeleng tuyul. Mulane aja dikerok. Rambut kelek, fungsine nggo simpenan mbokan rambut sirahe digadekna dadi bisa digenti karo rambut kelek. Tanam rambut kelek nang sirah. Kuwe mau penjabaran sebagian sekang fungsi rambut.

Seliyane berfungsi, rambut juga modele pirang-pirang. Ana model layer, trap, bob, mohawk, lan sing paling anyar kuwe model rambut njengking. Mesti lagi pada krungu geh. Soale mung nyong tok sing duwe, tapi ora arep tek patenkan. Siji-sijine salon & uwong sing bisa motong model rambut njengking, kuwe mung nang Sidareja. Kelalen arane salone apa.


Rekane sih pingin tampil rapi ben para HRD tertarik karo nyong angger pas tes golet gawean. Sidane pas agi mudik, nyong memutuskan nggo nyukur rambut nang ndesa, dibatiri adine nyong (jane bebeh tek anggep adi sih). Jare adine nyong, sing tek wei undangan sayang Litsu (**lit *su) nang Sidareja ana salon maen. Soale batire bar cukur nang kono, hasile maen. Ya wis nyong percaya. Sidane wussss mangkat meng salon tujuan nang Sidareja.


Wis tekan nang salone. Nyong curiga, mbatin, perasaane ra kepenak. Enggane salon karo WC koh isih maen WC. Tegele porak poranda. Apa mening dong nyong weruh wonge sing nyukur rambut. Nyong semakin ragu. Nyong mbatin “Kiye wonge sing motong rambute semiran be gole nyemir ora rata, palah abstrak, apa mening angger nyemir gone kostumere, apa ora kaya warna muntahan?”. Gole mbatin rung rampung wis diundang tukang cukure. Nyong prentah Litsu ndimin sing kon cukur, soale nyong pingin ndeleng ndimin priwe hasile. Mangkel & eneg banget, Litsu ra gelem. Sidane sing tua ngalah. Nyong maju geh, dengan berbagai macam pisruhan sing tek batin (kewan.. kewan.. kewan..).

Salone : “Arep cukur apa kiye?”
Nyong  : “Layer tapi dawane sing mburi tetep ya, dirapikna bae!”
Salone : “Kae bae tek potong njengking ya kaya gene BCL?” karo ngecrot-ngecrotna banyu nang rambut ben teles (nyong mbatin Deneng ora dikramasi?)
Nyong  : “Bebehlah!!!!!”
Salone : “Wis manut bae lah. Angger ra gelem dicukur njengking ya tek nyong bae sing njengking” wong salone karo memperagakan njengkingna bokong. Stress wong kiye. Ora lucu blas. Krik!
Salone : “ Nyong kuwe ngerti priwe apike. Wis pengalaman. Dijamin maen.” kressss karo nggunting rambute nyong & terus ngoceh dewek.

Sumpah nyong emosi banget. Pasrah. Wis ra bisa mbalek mening rambute nyong. Salon gemblung. Kenthir. Lengob. Kewan.. kewan.. kewan.. batine nyong karo terus ndonga & matane berkaca-kaca. Alhasil, rambute nyong ngarep-mburi dadi poni kabeh. Kaya nang poto ndhuwur (tapi kuwe potone wis mandan gondrong). Gole nyukur wis rampung, tapi nyong isih bae tetep njegong, soale ra reti angger wis rampung. Enggane bar dicukur dijorna bae. Ora diomongi angger wis rampung. Prethelan rambute sing pada temangsang nang gulu & kaos ora diresiki babar blas. Gatel, cekot-cekot. Rambute ora digaringna karo hairdryer. Kiye uwong apa siluman sih sing nyukur nyong? Sidane nyong takon “Wis rampung kiye?”. Jebul pancen wis rampung. Nyong segera beranjak lunga & mbayar Rp 5.000,00. Rasane pingin nggunting lambene wonge & nggunduli wonge. Sayange nyong isih sadar angger kuwe dosa, dadi tek urungkan niat jahate nyong. Dasare ra wani sih. Sepanjang perjalanan bali, nyong nangis turut ndalan. Meratapi nasib dadi korban malpraktek salon lengob.

Bersambung.......

Rabu, 15 September 2010

SANDAL JEPIT KETRIWAL


Nyong heran karo ramane nyong. Koleksine sandal jepit selen. Nang umahe nyong akeh sandal selen akibat ulahe ramane. Nek ramane lunga kepungan nang RT, pas mangkat nganggo sandal maen warnane putih kabeh, ngko bisa-bisa pas bali warnane dadi sing kiwe putih, sing tengen abang. Selalu kaya kuwe. Mestine selain ramane nyong juga bakal ana sing nganggone selen, wong sing sebelah uwis dienggo ramane nyong tanpa sengaja. Kiye uwong apa nek arep sandalan ora ndeleng ndimin ya?

Aben ditukokna sandal anyar mening, ora let suwe mesti ketriwal mening. Lha wong tau ditukokna sandal maen kang Bali, nggo lunga kepungan mening, ngko baline be gole sandalan bisa koh ukurane dadi beda, sing kiwe sandal kang Bali (ukurane gedhe), sing tengen sandal biasa (ukurane cilik). Apa ora krasa kuwe nang sikil? Batire ramane juga pada bae, senengane ngenggo sandal ketriwal-triwal. Sandal uwis dijenengi be bisa tetep ketriwal sebelah koh.

Nek ana tamu nang umahe nyong, tamune juga senengane nggenggo sandal selen pas baline. Pas meng gene nyong sandale maen warnane kiwe-tengen pada abang kabeh, ngko bisa koh pas bali nganggone dadi sing kiwe abang, sing tengen putih. Dadine sandal sing nang umahe nyong, dienggo sebelah nang tamune ramane mau.
Tau geh tanggane nyong Felix (7 tahun) dolan nang umahe nyong ngganggo sandale bapake. Kedobrohan kaya kae lah, wong bocah cilik sandale gedhe. Sandale didelehna nang ngarep lawang umahe nyong. Pas arep bali, Felix bingung goleti sandale. Jebulane sandale Felix kuwe dienggo maring mamake nyong. Nang mamake nyong kuwe dikirane sandale ramane sing biasane ulih kang kepungan sing pada ketriwal. Mamake nyong mikire ora mungkin bocah cilik sandale gedhe banget, jebul kue pancen sandale Felix sing gene ramane.

Suatu saat para rama pada kumpul nang umahe Pak RT ngrembug masalah desa. Anakke Pak RT jenengane Yani. Heran ndeleng fenomena sandal sing nang ngarep lawang umahe. Yani mbaor-mbaor takon meng ramane “Kiye tamune pada kenthir kabeh apa ya? Deneng gole sandalan pada selen kabeh”. Dadi kabeh bapak-bapak sing pada lagi kumpul nang gene RTne, sandale langka sing sepasang warnane pada, ora waras kabeh. Ramane nyong sandale kiwe putih-tengen abang. Sing putih ukurane gedhe, sing abang ukurane cilik. Bapak mburi umahe nyong sandale putih-biru. Bapak wetan umahe nyong sandale ijo-coklat, dan bapak-bapak liyane yakin blas langka sing sandale kiwe-tengen pada warnane. Ternyata bapak-bapak seRT pada kabeh, senengane nek ngenggo sandal pada ketriwal, ora ndeleng ndimin, asal mlebu. Mening-mening sandale digembok rante bae kuwe ben ora ketriwal mening.


MUDIK ANEH


Kiye cerita lanjutane MUDIK KECEMPET. Atine nyong wis tenterem tapi ragane nyong ora tenterem. Nang ngapa??

Nang kene nyong arep cerita sing tek alami nang njero bis EFISIENSI selama mudik. Nyong wis kesel banget cempet-cempeten dong agi arep mlebu bis, setelah ulih bis sing jam 13.30 nyong lega banget. Nyong langsung turu nang njero bis karo disetelna lagune Geisha sealbum. Bise maen bangetin. Ana ACne, ana LCDne pirang-pirang. Top markotop pokokke. Sepanjang perjalanan udan terus. Turu urung suwe, teka-teka ditariki bayaran maring kenekke, kenekke wedon. Nyong bayar & ulih sebotol cilik banyu mineral. Bar bayar, nyong turu mening. Teka-teka nyong njenggirat gara-gara ana suara bayi reang bangetin, kira-kira umur 1,5 tahun ndean.

Nang bis kayane ana 4 batita (ngingsor telung taun). Loro bayi nang barisan sisih kiwe, lorone mening nang barisan sisih tengen. Njegonge ngarep-mburi. Senengane ngadeg-ngadeg nang kursi karo menceti tombol lampu & AC sing nang dhuwur sirah. Kayane seneng nemen koh, karo ngguyu-ngguyu dewek. Sing siji mencet tombol, bayi liyane weruh langsung pada tiru-tiru. Sidane 4 batitane kuwe ngadeg kabeh lomba menceti lampu. Kelap kelip kelap kelip kaya kuwe suasanane nang njero bis, gara-gara tangan nggrathile batita. Sing siji cekakakan, batita sing telu melu cekakakan. Nyong nggumun. Apa sih sing lucu? Garing banget yakin, lucu ora koh batitane pada cekakakan. Apa mening mereka kuwe urung pada bisa ngomong, sih mereka ngguyuni apa koh? 4 batita cekakakan kabeh. Rasane pengen tek balang bungkusan jajanku, ben meneng. Reang bangetin yakin, ngganggu wong turu. Ora reti apa nek nyong kuwe bar nguras tenaga rebutan bis, nganti kencoten & mules. Ya jelas ora reti lah, jenenge be bayi. Tek pendeliki juga percuma. Yah, nyong kudu merelakan wektu turune nyong sing dirampas nang bayi-bayi garing.

Salah suwe koh, nyong isih bisa keturon mening. Ujarku nyong wis ra bisa turu mening. Ndean karena hawane sing adem, dadi marakna lelet gole turu. Mening-mening nyong njenggirat mening, kaget, gara-gara mburine nyong turu ngorok seru bangetin. Hoalah. Nyong mikirna cara, kira-kira diapakna ya ben wonge kuwe ora ngorok. Tapi nyong ora menemukan cara, tek jorna bae. Dasare kencoten dadi ra bisa mikir. Nyong turu mening.  Ialah nyong tangi kaget mening koh, gara-gara ana wong antop kaya singa mengaum, seru bangetin. Batine nyong, kiye wong pada masuk angin se-bis. Ana sing mambu lenga kampak nyegrak banget. Meneng-meneng nyong juga masuk angin kiye, tapi meneng-meneng. Liyane gole masuk angin pada ketara, ana sing antop, nganggo lenga kampak, nek nyong bisane mung ngentut koh, alon-alon tapi nusuk. Beeesss beeesss kaya kuwe kira-kira munine entute nyong. Lah ora ketara babarpisan. Pas kuwe nyong ora bisa ngentut seru, soale nyong ora due tenaga nggo ngedhen. Nyong yakin ora kepenak karo jejere nyong, mbok-mbokan bes bese nyong mambu koh. Nyong ora peduli sing penting nyong turu.

Bise tekan Sumpiuh gole mlaku enthar-enther kaya bekicot. Yalah, ternyata macet koh. Banjir mening sedengkule wong dewasa. Nang Sumpiuh macet suwe bangetin sampai tekan Sampang tembe berjalan mulus. Bokonge nyong wis ora karu-karuan wujude, wis kaku ndean. Nek dimek paling wis ora krasa. Tapi sapa juga sing arep ngemek bokonge nyong, apa mening bokonge nyong bekas nggo metu entut bacin tuat tuit. Penumpange kabeh wis pada kaliren, wis pada menunjukkan gejala-gejala aneh. Mawi nang njero bis bisa-bisane koh mambu pesing. Nyong mulai curiga geh, aja-aja ana sing nguyuh nang njero bis, soale bise kan macet 9 jam dewek. Dadi ana sing ora tahan ngempet uyuh. Nyong dadi mikir mening, aja-aja wong sing mambu entutku, dikirane nyong ngising nang katok kiye tah. Lah ora peduli. Sing tek pikir, gagean tekan terminal Cilacap. Mawi ramane nyong wis methuk nyong kawit jam 17.00.

Akhire jam 02.15 bise tekan terminal Cilacap. Nyong wis dijemput nang ramane. Katokke ramane sing maune teles gejebes gara-gara kudanan pas arep njemput, siki wis ngantek garing mening gara-gara nunggoni nyong suwe banget. Nyong segera melanjutkan perjalanan meng Gandrung, nunggang motor alakadarnya. Nang ndalan, ramane nyong ngadeg pas lagi numpak motor, ujarku karena bokonge pegel, jebul ngadeg kuwe gur arep ngentut. Oalah kiye penumpang bis & penjemput penumpang pada bae masuk angine. Tat tut tat tut. Tekan umah jam 03.30. Dadi Jogja-Gandrung 14 jam suwene, padahal biasane mung 5 jam tok.