Malpraktek rambut njengking |
Rambut
jarene diarani mahkota wanita. Fungsine macem-macem tergantung letake. Modele
juga saking akehe. Rambut sirah, fungsine sebagai penggenti topi/capil/helm ben
ora kepanasan. Rambut njero irung, fungsine nggo nadahi upil. Angger langka
rambut irunge, engko upile bisa langsung ngglundung tiba meng cangkem.
Ngisin-isina mbok? Apa mening angger agi arep ngambung pacare ijik-ijik upile
ngglundung meng lambene pacare gara-gara rambut irunge digundul, yah langsung
ilfeel deh. Mulane gondrongkanlah rambut njero irung! Rambut tangan &
sikil, fungsine nggo nutupi koreng ben ora dilaleri. Rambut alis, ben ra bisa
ndeleng tuyul. Mulane aja dikerok. Rambut kelek, fungsine nggo simpenan mbokan
rambut sirahe digadekna dadi bisa digenti karo rambut kelek. Tanam rambut kelek
nang sirah. Kuwe mau penjabaran sebagian sekang fungsi rambut.
Seliyane berfungsi, rambut juga modele pirang-pirang. Ana model layer, trap, bob, mohawk, lan sing paling anyar kuwe model rambut njengking. Mesti lagi pada krungu geh. Soale mung nyong tok sing duwe, tapi ora arep tek patenkan. Siji-sijine salon & uwong sing bisa motong model rambut njengking, kuwe mung nang Sidareja. Kelalen arane salone apa.
Seliyane berfungsi, rambut juga modele pirang-pirang. Ana model layer, trap, bob, mohawk, lan sing paling anyar kuwe model rambut njengking. Mesti lagi pada krungu geh. Soale mung nyong tok sing duwe, tapi ora arep tek patenkan. Siji-sijine salon & uwong sing bisa motong model rambut njengking, kuwe mung nang Sidareja. Kelalen arane salone apa.
Rekane sih pingin
tampil rapi ben para HRD tertarik karo nyong angger pas tes golet gawean.
Sidane pas agi mudik, nyong memutuskan nggo nyukur rambut nang ndesa, dibatiri
adine nyong (jane bebeh tek anggep adi sih). Jare adine nyong, sing tek wei
undangan sayang Litsu (**lit *su) nang Sidareja ana salon maen. Soale batire
bar cukur nang kono, hasile maen. Ya wis nyong percaya. Sidane wussss mangkat
meng salon tujuan nang Sidareja.
Wis tekan
nang salone. Nyong curiga, mbatin, perasaane ra kepenak. Enggane salon karo WC
koh isih maen WC. Tegele porak poranda. Apa mening dong nyong weruh wonge sing nyukur
rambut. Nyong semakin ragu. Nyong mbatin “Kiye wonge sing motong rambute semiran
be gole nyemir ora rata, palah abstrak, apa mening angger nyemir gone kostumere,
apa ora kaya warna muntahan?”. Gole mbatin rung rampung wis diundang tukang cukure. Nyong
prentah Litsu ndimin sing kon cukur, soale nyong pingin ndeleng ndimin priwe
hasile. Mangkel & eneg banget, Litsu ra gelem. Sidane sing tua ngalah.
Nyong maju geh, dengan berbagai macam pisruhan sing tek batin (kewan.. kewan..
kewan..).
Salone : “Arep cukur apa kiye?”
Nyong : “Layer tapi dawane sing mburi tetep ya,
dirapikna bae!”
Salone : “Kae bae tek potong njengking ya kaya gene
BCL?” karo ngecrot-ngecrotna banyu nang rambut ben teles (nyong mbatin Deneng
ora dikramasi?)
Nyong : “Bebehlah!!!!!”
Salone : “Wis manut bae lah. Angger ra gelem dicukur
njengking ya tek nyong bae sing njengking” wong salone karo memperagakan
njengkingna bokong. Stress wong kiye. Ora lucu blas. Krik!
Salone : “ Nyong kuwe ngerti priwe apike. Wis
pengalaman. Dijamin maen.” kressss karo nggunting rambute nyong & terus
ngoceh dewek.
Sumpah
nyong emosi banget. Pasrah. Wis ra bisa mbalek mening rambute nyong. Salon
gemblung. Kenthir. Lengob. Kewan.. kewan.. kewan.. batine nyong karo terus
ndonga & matane berkaca-kaca. Alhasil, rambute nyong ngarep-mburi dadi poni
kabeh. Kaya nang poto ndhuwur (tapi kuwe potone wis mandan gondrong). Gole nyukur wis rampung, tapi nyong isih bae
tetep njegong, soale ra reti angger wis rampung. Enggane bar dicukur dijorna
bae. Ora diomongi angger wis rampung. Prethelan rambute sing pada temangsang nang
gulu & kaos ora diresiki babar blas. Gatel, cekot-cekot. Rambute ora digaringna karo hairdryer. Kiye uwong apa siluman sih sing nyukur nyong? Sidane
nyong takon “Wis rampung kiye?”. Jebul pancen wis rampung. Nyong segera
beranjak lunga & mbayar Rp 5.000,00. Rasane pingin nggunting lambene wonge & nggunduli wonge. Sayange nyong isih sadar angger kuwe dosa, dadi tek urungkan niat jahate nyong. Dasare ra wani sih. Sepanjang perjalanan bali, nyong
nangis turut ndalan. Meratapi nasib dadi korban malpraktek salon lengob.
Bersambung.......
wkwkwkwk salon gemblung,, tragis banget critane rika
BalasHapus