Rabu, 15 September 2010

MUDIK ANEH


Kiye cerita lanjutane MUDIK KECEMPET. Atine nyong wis tenterem tapi ragane nyong ora tenterem. Nang ngapa??

Nang kene nyong arep cerita sing tek alami nang njero bis EFISIENSI selama mudik. Nyong wis kesel banget cempet-cempeten dong agi arep mlebu bis, setelah ulih bis sing jam 13.30 nyong lega banget. Nyong langsung turu nang njero bis karo disetelna lagune Geisha sealbum. Bise maen bangetin. Ana ACne, ana LCDne pirang-pirang. Top markotop pokokke. Sepanjang perjalanan udan terus. Turu urung suwe, teka-teka ditariki bayaran maring kenekke, kenekke wedon. Nyong bayar & ulih sebotol cilik banyu mineral. Bar bayar, nyong turu mening. Teka-teka nyong njenggirat gara-gara ana suara bayi reang bangetin, kira-kira umur 1,5 tahun ndean.

Nang bis kayane ana 4 batita (ngingsor telung taun). Loro bayi nang barisan sisih kiwe, lorone mening nang barisan sisih tengen. Njegonge ngarep-mburi. Senengane ngadeg-ngadeg nang kursi karo menceti tombol lampu & AC sing nang dhuwur sirah. Kayane seneng nemen koh, karo ngguyu-ngguyu dewek. Sing siji mencet tombol, bayi liyane weruh langsung pada tiru-tiru. Sidane 4 batitane kuwe ngadeg kabeh lomba menceti lampu. Kelap kelip kelap kelip kaya kuwe suasanane nang njero bis, gara-gara tangan nggrathile batita. Sing siji cekakakan, batita sing telu melu cekakakan. Nyong nggumun. Apa sih sing lucu? Garing banget yakin, lucu ora koh batitane pada cekakakan. Apa mening mereka kuwe urung pada bisa ngomong, sih mereka ngguyuni apa koh? 4 batita cekakakan kabeh. Rasane pengen tek balang bungkusan jajanku, ben meneng. Reang bangetin yakin, ngganggu wong turu. Ora reti apa nek nyong kuwe bar nguras tenaga rebutan bis, nganti kencoten & mules. Ya jelas ora reti lah, jenenge be bayi. Tek pendeliki juga percuma. Yah, nyong kudu merelakan wektu turune nyong sing dirampas nang bayi-bayi garing.

Salah suwe koh, nyong isih bisa keturon mening. Ujarku nyong wis ra bisa turu mening. Ndean karena hawane sing adem, dadi marakna lelet gole turu. Mening-mening nyong njenggirat mening, kaget, gara-gara mburine nyong turu ngorok seru bangetin. Hoalah. Nyong mikirna cara, kira-kira diapakna ya ben wonge kuwe ora ngorok. Tapi nyong ora menemukan cara, tek jorna bae. Dasare kencoten dadi ra bisa mikir. Nyong turu mening.  Ialah nyong tangi kaget mening koh, gara-gara ana wong antop kaya singa mengaum, seru bangetin. Batine nyong, kiye wong pada masuk angin se-bis. Ana sing mambu lenga kampak nyegrak banget. Meneng-meneng nyong juga masuk angin kiye, tapi meneng-meneng. Liyane gole masuk angin pada ketara, ana sing antop, nganggo lenga kampak, nek nyong bisane mung ngentut koh, alon-alon tapi nusuk. Beeesss beeesss kaya kuwe kira-kira munine entute nyong. Lah ora ketara babarpisan. Pas kuwe nyong ora bisa ngentut seru, soale nyong ora due tenaga nggo ngedhen. Nyong yakin ora kepenak karo jejere nyong, mbok-mbokan bes bese nyong mambu koh. Nyong ora peduli sing penting nyong turu.

Bise tekan Sumpiuh gole mlaku enthar-enther kaya bekicot. Yalah, ternyata macet koh. Banjir mening sedengkule wong dewasa. Nang Sumpiuh macet suwe bangetin sampai tekan Sampang tembe berjalan mulus. Bokonge nyong wis ora karu-karuan wujude, wis kaku ndean. Nek dimek paling wis ora krasa. Tapi sapa juga sing arep ngemek bokonge nyong, apa mening bokonge nyong bekas nggo metu entut bacin tuat tuit. Penumpange kabeh wis pada kaliren, wis pada menunjukkan gejala-gejala aneh. Mawi nang njero bis bisa-bisane koh mambu pesing. Nyong mulai curiga geh, aja-aja ana sing nguyuh nang njero bis, soale bise kan macet 9 jam dewek. Dadi ana sing ora tahan ngempet uyuh. Nyong dadi mikir mening, aja-aja wong sing mambu entutku, dikirane nyong ngising nang katok kiye tah. Lah ora peduli. Sing tek pikir, gagean tekan terminal Cilacap. Mawi ramane nyong wis methuk nyong kawit jam 17.00.

Akhire jam 02.15 bise tekan terminal Cilacap. Nyong wis dijemput nang ramane. Katokke ramane sing maune teles gejebes gara-gara kudanan pas arep njemput, siki wis ngantek garing mening gara-gara nunggoni nyong suwe banget. Nyong segera melanjutkan perjalanan meng Gandrung, nunggang motor alakadarnya. Nang ndalan, ramane nyong ngadeg pas lagi numpak motor, ujarku karena bokonge pegel, jebul ngadeg kuwe gur arep ngentut. Oalah kiye penumpang bis & penjemput penumpang pada bae masuk angine. Tat tut tat tut. Tekan umah jam 03.30. Dadi Jogja-Gandrung 14 jam suwene, padahal biasane mung 5 jam tok.


1 komentar:

  1. wakkakakkakk.. penumpange wis ora karuan ya..

    ora mangan..ora maring WC. ya wis bis'e dinggo WC.
    melasi tukang ngresiki bise ngko hahaha..

    BalasHapus