Tanggane nyong wetan umah jenengane Yona (3 tahun). Yona kuwe anak bungsu dari 4 bersaudara. Mase jenengane Bayu (17 tahun), Felix (7 tahun), yayune Gita (6 tahun). Felix, Gita, Yona sering banget dolan nang umahe nyong. Yona kue cerewete ora ilok-ilok, lenjeh bangetin, nek difoto gayane ora nguati pokokke. Apa-apa ditakokna, nek wis dijawab selalu takon pertanyaan-pertanyaan anyar mening.
Dong lagi bengi nyong dolanan Farm Frenzy nang komputer. Nang dolanane kuwe ana mbaung warnane ireng cluntheng kaya cemendil wedhus. Yona ndelengna nyong dolanan karo takon werna-werna.
Yona : "Mba, gole dolanan lampunge kapan?"
Nyong : "Ya mbuh, lha nang ngapa sih?"
Yona : "Ngko nek mba wis lampung gole dolanan, nyong alep mlebu nang njelo komputel lah (sambil nunyuk-nunyuk monitor), nyong alep njiot mbaunge, mbaunge lucu alep tek gawa bali".
Oalah Yona Yona polos nemen pemikirane yah. Hasrate pengen mlebu nang njero komputer nggo njiot mbaung ireng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar