Sabtu, 11 September 2010

WC MABUR, BOKONG KETON

Kilas balik meng jaman SMP. SMP nyong uripe karo mbah putri nang Jogja. Bar lulus SD nyong langsung digiring kon ngangsu ilmu nang Jogja, nggo mbatiri mbah putri, soale mbah kakung uwis meninggal. Umahe mbah putri adoh kang pusat kota, ndesa banget, sepi nyenyet. Umahe wujude ya kaya lumrahe umah jaman gemiyen. Temboke kang kayu, udu kang bata karo semen. Mestere udu keramik, tapi kang bata, ndilalahe udu kang lemah. Urung ana pompa air, dadi banyune isih nimba nang sumur. Kamar mandine ora nang njero umah. Kamar mandine nang mburi umah persis. Tapi nek WCne mandan adoh kang umah, kira-kira 8 meter nang wetan umah.

Daerah gene mbahe nyong kuwe lemahe ora rata, dhuwur endhep. Umahe mbahe nyong nang ndhuwur, sebelah ngisore seuwise WC kuwe ana dalan, jejere mening ana kali. Dadi kaline kuwe nang sisih ngisor. Kadang nyong ya sok ngising nang kali, golet sensasi sing beda. Nek ngising nang kali jan jantunge nyong berdegup-degub, wedi mbok-mbokan ana wong liwat. Selain nggo ngising, kaline juga sok nggo mancing nang warga sekitar kono. Nyong juga tau mancing nang kono, meskipun ora ulih-ulih iwak.

Mbahe nyong juga ndue balong lele. Balonge nang wetan umah perek WC. WCne kuwe WC cemplung, dadi nek ngising langsung nyemplung tanpa perlu digontor. Bolongan WCne kuwe sejalur karo bolongan balong lele, soale sebelahan. Dadi nek bar ngising, ngko kotorane kuwe langsung ngalir nang balonge, sisan nggo empan lelene. Cara-carane kotorane ditransfer meng balong, bahasa mentherenge kaya kuwe. Nang sekitar balong karo WC anane mung pring-pringan, dadi nyong ora wani neng arep ngising bengi, soale medeni banget, langka cahaya. WC gene mbahe nyong kuwe udu tembokan, tapi mung ditutupi kandi-kandi bekas wadah beras. Dadi sekeliling WCne kuwe digawe rangka kang pring, terus sebagai penutupe dicantholi kandi-kandi. Ya bayangna bae kaya lagi njemur kandi. Kandine mung disampirna tok nang rangkane kuwe mau. Sing dijiret mung bagian dhuwure tok, kandi sing ngisor dijorna klaweran, sing penting wis bisa nggo tutup nek lagi ngising.

Sore-sore bar bali kang sekolah, nyong mules banget. Nyong gagean meng WC, ngising. Pas kuwe nang kali lagi rame bocah lanang-lanang pada mancing. Nyong ngising dengan tenang, meskipun berisik banget gole nyemplung. Plang plung plang plung nganti bokonge nyong dirubung lemut. Pas kuwe angine penak banget yakin, sepoi-sepoi, sumilir, nyejukna banget. Tapi tiba-tiba angine koh dadi ganas, angine banter, wuuzzz, marakna kandi-kandi sing nggo tutup WC pada mabur. Yakin nyong isin banget. Bayangna bae, nyong lagi ndhodhok ngising, tiba-tiba WCne kebukak kabeh, kandine mabur kaya layangan. Bokonge nyong ya keton dalam posisi lagi ndhodhok ngedhen. Bocah-bocah lanang sing lagi pada mancing nang kali ngisor, langsung nyoraki nyong gara-gara lagi ngising bokonge keton, pada nggo tontonan. Nyong kaya ngising live tanpa penutup sehelai pun. Nyong langsung mlayu meng kamar mandi, ra peduli uwis rampung apa urung gole ngising. Nyong langsung cewok. Nyong pengen nangis, nyong sengit banget maring bocahan sing pada nyoraki nyong. Nyong isin bangetin. 

2 komentar:

  1. hahahah.. padahal pas kae, bokonge rika blonthang blantheng yak.. kaya zebra hahaha.

    trus pas cewok mesti esih ana kopet sing wis nang ujung silit ya? hahha

    BalasHapus
  2. Selulit & bole njebot, hahaha soale pas kuwe lagi kebebelen.
    Iya pas kuwe nyong ora peduli mening isih ana kopete apa ora sing penting gagean lunga daripada dienggo tontonan massal.

    BalasHapus