Rabu, 15 September 2010

SANDAL JEPIT KETRIWAL


Nyong heran karo ramane nyong. Koleksine sandal jepit selen. Nang umahe nyong akeh sandal selen akibat ulahe ramane. Nek ramane lunga kepungan nang RT, pas mangkat nganggo sandal maen warnane putih kabeh, ngko bisa-bisa pas bali warnane dadi sing kiwe putih, sing tengen abang. Selalu kaya kuwe. Mestine selain ramane nyong juga bakal ana sing nganggone selen, wong sing sebelah uwis dienggo ramane nyong tanpa sengaja. Kiye uwong apa nek arep sandalan ora ndeleng ndimin ya?

Aben ditukokna sandal anyar mening, ora let suwe mesti ketriwal mening. Lha wong tau ditukokna sandal maen kang Bali, nggo lunga kepungan mening, ngko baline be gole sandalan bisa koh ukurane dadi beda, sing kiwe sandal kang Bali (ukurane gedhe), sing tengen sandal biasa (ukurane cilik). Apa ora krasa kuwe nang sikil? Batire ramane juga pada bae, senengane ngenggo sandal ketriwal-triwal. Sandal uwis dijenengi be bisa tetep ketriwal sebelah koh.

Nek ana tamu nang umahe nyong, tamune juga senengane nggenggo sandal selen pas baline. Pas meng gene nyong sandale maen warnane kiwe-tengen pada abang kabeh, ngko bisa koh pas bali nganggone dadi sing kiwe abang, sing tengen putih. Dadine sandal sing nang umahe nyong, dienggo sebelah nang tamune ramane mau.
Tau geh tanggane nyong Felix (7 tahun) dolan nang umahe nyong ngganggo sandale bapake. Kedobrohan kaya kae lah, wong bocah cilik sandale gedhe. Sandale didelehna nang ngarep lawang umahe nyong. Pas arep bali, Felix bingung goleti sandale. Jebulane sandale Felix kuwe dienggo maring mamake nyong. Nang mamake nyong kuwe dikirane sandale ramane sing biasane ulih kang kepungan sing pada ketriwal. Mamake nyong mikire ora mungkin bocah cilik sandale gedhe banget, jebul kue pancen sandale Felix sing gene ramane.

Suatu saat para rama pada kumpul nang umahe Pak RT ngrembug masalah desa. Anakke Pak RT jenengane Yani. Heran ndeleng fenomena sandal sing nang ngarep lawang umahe. Yani mbaor-mbaor takon meng ramane “Kiye tamune pada kenthir kabeh apa ya? Deneng gole sandalan pada selen kabeh”. Dadi kabeh bapak-bapak sing pada lagi kumpul nang gene RTne, sandale langka sing sepasang warnane pada, ora waras kabeh. Ramane nyong sandale kiwe putih-tengen abang. Sing putih ukurane gedhe, sing abang ukurane cilik. Bapak mburi umahe nyong sandale putih-biru. Bapak wetan umahe nyong sandale ijo-coklat, dan bapak-bapak liyane yakin blas langka sing sandale kiwe-tengen pada warnane. Ternyata bapak-bapak seRT pada kabeh, senengane nek ngenggo sandal pada ketriwal, ora ndeleng ndimin, asal mlebu. Mening-mening sandale digembok rante bae kuwe ben ora ketriwal mening.


MUDIK ANEH


Kiye cerita lanjutane MUDIK KECEMPET. Atine nyong wis tenterem tapi ragane nyong ora tenterem. Nang ngapa??

Nang kene nyong arep cerita sing tek alami nang njero bis EFISIENSI selama mudik. Nyong wis kesel banget cempet-cempeten dong agi arep mlebu bis, setelah ulih bis sing jam 13.30 nyong lega banget. Nyong langsung turu nang njero bis karo disetelna lagune Geisha sealbum. Bise maen bangetin. Ana ACne, ana LCDne pirang-pirang. Top markotop pokokke. Sepanjang perjalanan udan terus. Turu urung suwe, teka-teka ditariki bayaran maring kenekke, kenekke wedon. Nyong bayar & ulih sebotol cilik banyu mineral. Bar bayar, nyong turu mening. Teka-teka nyong njenggirat gara-gara ana suara bayi reang bangetin, kira-kira umur 1,5 tahun ndean.

Nang bis kayane ana 4 batita (ngingsor telung taun). Loro bayi nang barisan sisih kiwe, lorone mening nang barisan sisih tengen. Njegonge ngarep-mburi. Senengane ngadeg-ngadeg nang kursi karo menceti tombol lampu & AC sing nang dhuwur sirah. Kayane seneng nemen koh, karo ngguyu-ngguyu dewek. Sing siji mencet tombol, bayi liyane weruh langsung pada tiru-tiru. Sidane 4 batitane kuwe ngadeg kabeh lomba menceti lampu. Kelap kelip kelap kelip kaya kuwe suasanane nang njero bis, gara-gara tangan nggrathile batita. Sing siji cekakakan, batita sing telu melu cekakakan. Nyong nggumun. Apa sih sing lucu? Garing banget yakin, lucu ora koh batitane pada cekakakan. Apa mening mereka kuwe urung pada bisa ngomong, sih mereka ngguyuni apa koh? 4 batita cekakakan kabeh. Rasane pengen tek balang bungkusan jajanku, ben meneng. Reang bangetin yakin, ngganggu wong turu. Ora reti apa nek nyong kuwe bar nguras tenaga rebutan bis, nganti kencoten & mules. Ya jelas ora reti lah, jenenge be bayi. Tek pendeliki juga percuma. Yah, nyong kudu merelakan wektu turune nyong sing dirampas nang bayi-bayi garing.

Salah suwe koh, nyong isih bisa keturon mening. Ujarku nyong wis ra bisa turu mening. Ndean karena hawane sing adem, dadi marakna lelet gole turu. Mening-mening nyong njenggirat mening, kaget, gara-gara mburine nyong turu ngorok seru bangetin. Hoalah. Nyong mikirna cara, kira-kira diapakna ya ben wonge kuwe ora ngorok. Tapi nyong ora menemukan cara, tek jorna bae. Dasare kencoten dadi ra bisa mikir. Nyong turu mening.  Ialah nyong tangi kaget mening koh, gara-gara ana wong antop kaya singa mengaum, seru bangetin. Batine nyong, kiye wong pada masuk angin se-bis. Ana sing mambu lenga kampak nyegrak banget. Meneng-meneng nyong juga masuk angin kiye, tapi meneng-meneng. Liyane gole masuk angin pada ketara, ana sing antop, nganggo lenga kampak, nek nyong bisane mung ngentut koh, alon-alon tapi nusuk. Beeesss beeesss kaya kuwe kira-kira munine entute nyong. Lah ora ketara babarpisan. Pas kuwe nyong ora bisa ngentut seru, soale nyong ora due tenaga nggo ngedhen. Nyong yakin ora kepenak karo jejere nyong, mbok-mbokan bes bese nyong mambu koh. Nyong ora peduli sing penting nyong turu.

Bise tekan Sumpiuh gole mlaku enthar-enther kaya bekicot. Yalah, ternyata macet koh. Banjir mening sedengkule wong dewasa. Nang Sumpiuh macet suwe bangetin sampai tekan Sampang tembe berjalan mulus. Bokonge nyong wis ora karu-karuan wujude, wis kaku ndean. Nek dimek paling wis ora krasa. Tapi sapa juga sing arep ngemek bokonge nyong, apa mening bokonge nyong bekas nggo metu entut bacin tuat tuit. Penumpange kabeh wis pada kaliren, wis pada menunjukkan gejala-gejala aneh. Mawi nang njero bis bisa-bisane koh mambu pesing. Nyong mulai curiga geh, aja-aja ana sing nguyuh nang njero bis, soale bise kan macet 9 jam dewek. Dadi ana sing ora tahan ngempet uyuh. Nyong dadi mikir mening, aja-aja wong sing mambu entutku, dikirane nyong ngising nang katok kiye tah. Lah ora peduli. Sing tek pikir, gagean tekan terminal Cilacap. Mawi ramane nyong wis methuk nyong kawit jam 17.00.

Akhire jam 02.15 bise tekan terminal Cilacap. Nyong wis dijemput nang ramane. Katokke ramane sing maune teles gejebes gara-gara kudanan pas arep njemput, siki wis ngantek garing mening gara-gara nunggoni nyong suwe banget. Nyong segera melanjutkan perjalanan meng Gandrung, nunggang motor alakadarnya. Nang ndalan, ramane nyong ngadeg pas lagi numpak motor, ujarku karena bokonge pegel, jebul ngadeg kuwe gur arep ngentut. Oalah kiye penumpang bis & penjemput penumpang pada bae masuk angine. Tat tut tat tut. Tekan umah jam 03.30. Dadi Jogja-Gandrung 14 jam suwene, padahal biasane mung 5 jam tok.


Senin, 13 September 2010

MUDIK KECEMPET


Rebo, 8 September 2010 nyong mudik meng Cilacap. Esuk-esuk mruput nyong wis tangi, sarapan, terus mudik. Nyong dijujukna batirku nunggang motor meng terminal Giwangan Jogja. Tekan terminal jam 09.30. Nyong arep numpak bis patas Efisiensi jurusan Cilacap. Bise rung ana. Jare kenekke bise teka jam 10.30. Ya wis tek tunggoni bae kadar 1 jam mening ikih ora sue, batinku. Nyong nunggoni karo ngadeg, kursi sing nggo pranti nunggu wis pada dijegongi.

Uwis jam 10.30 ndi kiye deneng bise rung ndongol-ndongol? Nyong wis ketar-ketir perasaane, wedi mbok-mbokan tekan Cilacap bengi, ngko ya ora ulih bis jurusan umah.  Bola-bali nyong ndeleng jam. Yalah uwis jam 11.00 urung ana bise. Bise urung ndongol, tapi sing ngenteni wis pada ndongol akeh bangetin. Akhire jam 11.30 bise ndongol, nyong lega. Begitu lawang bise dibukak, langsung pada rebutan gole munggah. Pancen kiye gole numpak bis ora perlu tuku tiket ndimin, tapi langsung munggah mbayare nang njero bis. Nyong jelas kalah gole rebutan bis. Awake nyong cilik dewek, liyane awake pada kaya preman. Nyong berusaha ndesek-ndesek ben bisa mlebu bis, tapi nyong palah kedesek, nyong tiba. Tapi nyong menyat dewek. Ialah melas banget yakin. Ya wis lah akhire nyong ora ulih bis. Nyong nunggu Efisiensi sing berikute. Jare kenekke sing berikute wis nang mburi, dilit mening teka.

Nyong lega mening. Dasare lambene kenekke ora bisa dipercaya, jare dilit mening uwis nang mburi bise, ndi nyatane langka apa-apa Lik. Goroh kenekke. Nyong nunggu mening karo ngadeg. Akhire jam 12.30 bise ndongol. Nyong sumringah. Rebutan mening, desek-desekan mening, cempet-cempetan mening, kalah mening.  Nyong mbatin “Jajal nek awakku gedhe, nyong mesti wis bisa mlebu bis kawit mau”. Pas lagi rebutan kenekke mbengok-mbengok “Sing mlebu sing wedon-wedon tua ndimin”. Nyong seneng, ih kiye bearti nyong didahulukan geh, nyong kan wedon. Nyong langsung ndesek-ndesek mlebu, ternyata ora ulih koh nang kenekke. Kenekke “Sing tua-tua ndimin, kowe kan isih enom”. Ialah lagi-lagi nyong gagal, tapi nyong kan wedon, batinku. Ya wis lah ngadeg mening karo nunggu sing berikute. Mening-mening kenekke ngomong nek sing berikute uwis ana nang mburi, dilit mening. Nipu mening.

Nyong wis putus asa. Nyong memutuskan ora sida mudik Cilacap. Nyong arep bali umah Jogja mening bae daripada tekan Cilacap mbengi ngko uwis langka bis mening sing arah meng umah. Ihh palah udane nyrocos deres banget. Priwe kiye gole arep bali umah Jogja? Duh jan. Ya wis lah, sidane tek putuskan nunggoni bis Efisiensi mening, karo nunggu terang. Nek uwis terang, nyong arep bali umah Jogja, ora sida mudik.
Jam 13.30 bise ndongol. Nyong gagean cempet-cempetan mening ben bisa mlebu bis. Kali ini nyong brutal. Akhire dengan kebrutalane nyong, nyong bisa munggah bis, ulih jagongan, duh ayem nemen atine nyong. Nyong jejer mas sangar bersuara lembut. Setelah 4 jam ngadeg karo ngempet weteng mules, akhire nyong bisa njegong nang njero bis karo silir-siliran AC nang dhuwur sirahe nyong. Atine nyong wis tenterem tapi ragane nyong ora tenterem. Nang ngapa??

Sabtu, 11 September 2010

WC MABUR, BOKONG KETON

Kilas balik meng jaman SMP. SMP nyong uripe karo mbah putri nang Jogja. Bar lulus SD nyong langsung digiring kon ngangsu ilmu nang Jogja, nggo mbatiri mbah putri, soale mbah kakung uwis meninggal. Umahe mbah putri adoh kang pusat kota, ndesa banget, sepi nyenyet. Umahe wujude ya kaya lumrahe umah jaman gemiyen. Temboke kang kayu, udu kang bata karo semen. Mestere udu keramik, tapi kang bata, ndilalahe udu kang lemah. Urung ana pompa air, dadi banyune isih nimba nang sumur. Kamar mandine ora nang njero umah. Kamar mandine nang mburi umah persis. Tapi nek WCne mandan adoh kang umah, kira-kira 8 meter nang wetan umah.

Daerah gene mbahe nyong kuwe lemahe ora rata, dhuwur endhep. Umahe mbahe nyong nang ndhuwur, sebelah ngisore seuwise WC kuwe ana dalan, jejere mening ana kali. Dadi kaline kuwe nang sisih ngisor. Kadang nyong ya sok ngising nang kali, golet sensasi sing beda. Nek ngising nang kali jan jantunge nyong berdegup-degub, wedi mbok-mbokan ana wong liwat. Selain nggo ngising, kaline juga sok nggo mancing nang warga sekitar kono. Nyong juga tau mancing nang kono, meskipun ora ulih-ulih iwak.

Mbahe nyong juga ndue balong lele. Balonge nang wetan umah perek WC. WCne kuwe WC cemplung, dadi nek ngising langsung nyemplung tanpa perlu digontor. Bolongan WCne kuwe sejalur karo bolongan balong lele, soale sebelahan. Dadi nek bar ngising, ngko kotorane kuwe langsung ngalir nang balonge, sisan nggo empan lelene. Cara-carane kotorane ditransfer meng balong, bahasa mentherenge kaya kuwe. Nang sekitar balong karo WC anane mung pring-pringan, dadi nyong ora wani neng arep ngising bengi, soale medeni banget, langka cahaya. WC gene mbahe nyong kuwe udu tembokan, tapi mung ditutupi kandi-kandi bekas wadah beras. Dadi sekeliling WCne kuwe digawe rangka kang pring, terus sebagai penutupe dicantholi kandi-kandi. Ya bayangna bae kaya lagi njemur kandi. Kandine mung disampirna tok nang rangkane kuwe mau. Sing dijiret mung bagian dhuwure tok, kandi sing ngisor dijorna klaweran, sing penting wis bisa nggo tutup nek lagi ngising.

Sore-sore bar bali kang sekolah, nyong mules banget. Nyong gagean meng WC, ngising. Pas kuwe nang kali lagi rame bocah lanang-lanang pada mancing. Nyong ngising dengan tenang, meskipun berisik banget gole nyemplung. Plang plung plang plung nganti bokonge nyong dirubung lemut. Pas kuwe angine penak banget yakin, sepoi-sepoi, sumilir, nyejukna banget. Tapi tiba-tiba angine koh dadi ganas, angine banter, wuuzzz, marakna kandi-kandi sing nggo tutup WC pada mabur. Yakin nyong isin banget. Bayangna bae, nyong lagi ndhodhok ngising, tiba-tiba WCne kebukak kabeh, kandine mabur kaya layangan. Bokonge nyong ya keton dalam posisi lagi ndhodhok ngedhen. Bocah-bocah lanang sing lagi pada mancing nang kali ngisor, langsung nyoraki nyong gara-gara lagi ngising bokonge keton, pada nggo tontonan. Nyong kaya ngising live tanpa penutup sehelai pun. Nyong langsung mlayu meng kamar mandi, ra peduli uwis rampung apa urung gole ngising. Nyong langsung cewok. Nyong pengen nangis, nyong sengit banget maring bocahan sing pada nyoraki nyong. Nyong isin bangetin. 

BAYI MELEK DUIT


Kiye cerita tentang tanggane nyong mening, jenengane Felix (7 tahun). Felix kuwe mase Yona. Felix juga sering dolan nang umahe nyong & nginep nang umahe nyong. Felix senenge ndeleng adine nyong (Petsu) dolanan bal-balan nang komputer, kadang Felix juga melu dolanan Ninja Saga.

 

Dong Felix lagi ndeleng Petsu dolanan, nyong njaluk tulung Felix kon nukokna sampo nang warung.


Nyong : “Fel, nganah nyong tukukna sampo sih nang warung (regane Rp 500)”
Felix : “Ngko mba lah (agi sibuk ndeleng dolanan)”
Nyong : “Siki Fel lah anu harep tek nggo kramas siki koh”
Felix : “Ngko mba lah”.
Nyong : “Fel, siki lah tukokna sampo siji ngko jujule nggo kowe, tek nei Rp 700 geh go kowe, sampone Rp 500, dadi tek gawakna duit Rp 1.200”
Felix : “Iya mba (langsung mangkat tanpa alesan mening)”.

 

Yalah, masa uang suape lewih larang daripada rega sampone. Jan bocah jaman siki wis pada ngerti duit koh.

PENGEN MLEBU NJELO KOMPUTEL




Tanggane nyong wetan umah jenengane Yona (3 tahun). Yona kuwe anak bungsu dari 4 bersaudara. Mase jenengane Bayu (17 tahun), Felix (7 tahun), yayune Gita (6 tahun). Felix, Gita, Yona sering banget dolan nang umahe nyong. Yona kue cerewete ora ilok-ilok, lenjeh bangetin, nek difoto gayane ora nguati pokokke. Apa-apa ditakokna, nek wis dijawab selalu takon pertanyaan-pertanyaan anyar mening. 

Dong lagi bengi nyong dolanan Farm Frenzy nang komputer. Nang dolanane kuwe ana mbaung warnane ireng cluntheng kaya cemendil wedhus. Yona ndelengna nyong dolanan karo takon werna-werna.

Yona : "Mba, gole dolanan lampunge kapan?"
Nyong : "Ya mbuh, lha nang ngapa sih?"
Yona : "Ngko nek mba wis lampung gole dolanan, nyong alep mlebu nang njelo komputel lah (sambil nunyuk-nunyuk monitor), nyong alep njiot mbaunge, mbaunge lucu alep tek gawa bali".

Oalah Yona Yona polos nemen pemikirane yah. Hasrate pengen mlebu nang njero komputer nggo njiot mbaung ireng.


KEWEDEN “DAGE..DAGE..DAGE”



Dage kuwe lawuh sing digawe kang ampas tahu. Warnane ireng, digoreng nganggo glepung nganti kemripik, rasane enak. Selain nggo lawuh, dage juga bisa dijangan. Tapi mamake nyong ora tau njangan dage, seringe dienggo lawuh. Kayane mung nang ndesaku tok luh sing ana dage. Nyong rung tau nemoni dage nang kota liyane. Tek goleti nang google be ora ketemu koh dagene.

Nang desane nyong aben sore ana bakul dage mentah sing mider. Laris banget ditukoni mamak-mamak. Nek wis jam 04.00 sore, mamak-mamak mesti pada nunggoni bakule dage liwat. “Dage..dage..dage” kaya kuwe suarane bakul dage nek lagi liwat ndesaku. Hampir tiap hari bakule dage mesti liwat. Tau suatu hari bakule dage ora liwat nang desaku.
Biasane nek bakul dagene ora liwat, mang Ujang mesti nggarapi mamak-mamak sing lagi pada depresi nunggoni bakul dage.

Mang Ujang kuwe suarane persis kaya bakul dage. Senengane nirokna bakul dage “Dage..dage..dage”. Jan persis banget pokokke. Tapi bakate mang Ujang sing bisa nirokna suarane bakul dage kuwe, pada langka sing ngerti. Pas bakul dagene ora liwat-liwat, mang Ujang mlaku sambil nirokna suarane bakule dage “Dage..dage..dage”. Mamak-mamak nang njero umah pada regudugan metu mung arep tuku dage. Tapi koh mbasan metu umah, bakul dagene langka. Mang Ujang tetep mlaku karo mbengok “Dage..dage..dage”. Mamak-mamake metu umah mening, nggoleti sumber suarane kuwe, karo gawa duit dengan harapan isa tuku dagene. Mbasan diturut-turut, deneng ana suarane, tapi bakule ora keton. Sih bakule maring ngendi kiye? Akhire dari arah sing berlawanan, ana sing ndeleng mang Ujang lagi mbengok-mbengok nirokna bakule dage. Yalah sidane ketauan nek biangane kuwe mang Ujang. Pada ketipu kabeh, tiwas wis pada regudugan ngoyok bakule dage, mbok keentongan koh. Kejadian kaya kuwe sering terjadi. Herane uwis ngerti nek mang Ujang sok nirokna suarane bakule dage nek pas lagi ora mider, tapi mereka isih tetep sering ketipu koh. Pancen suarane mang Ujang plek jiplek karo bakule dage.

Tapi siki mang Ujang uwis meninggal. Pas mang Ujang meninggal, dikubure awan. Tangga-tangga akeh sing layat. Mang Ujang wonge apik, ramah, karo seneng gojeg. Wis langka mening sing bisa nirokna suarane bakule dage. Sore-sore kebiasaan nini-nini nang kene kuwe pada ngumpul karo ndopok. Jenenge be nini-nini, dadi ya nganggone tapian jarit & rambut digelung. Setelah mang Ujang dikubur, sorene nini-nini pada kumpul jegongan & ndopok nang pelatarane tanggane.

Pas menjelang adzan magrib, ramane nyong arep meng warung. Nek meng warung mesti ngliwati umahe nini-nini sing lagi pada jagongan. Ramane nyong iseng-iseng nirokna suarane bakule dage sepanjang perjalanan mlaku menuju warung “Dage..dage..dage”. Nini-ninine sing lagi pada jegongan krungu suarane tapi urung weruh sapa sing bersuara, langsung nini-ninine mlayu kebirit-birit karo cincing-cincing jarit, mereka keweden bangetin, dikirane kuwe suarane mang Ujang sing tembe dikubur mau awan. Soale kebiasaane mang Ujang sok nirokna bakule dage. Ternyata ramane nyong juga due bakat dadi bakul dage geh.