Sabtu, 11 September 2010

KEWEDEN “DAGE..DAGE..DAGE”



Dage kuwe lawuh sing digawe kang ampas tahu. Warnane ireng, digoreng nganggo glepung nganti kemripik, rasane enak. Selain nggo lawuh, dage juga bisa dijangan. Tapi mamake nyong ora tau njangan dage, seringe dienggo lawuh. Kayane mung nang ndesaku tok luh sing ana dage. Nyong rung tau nemoni dage nang kota liyane. Tek goleti nang google be ora ketemu koh dagene.

Nang desane nyong aben sore ana bakul dage mentah sing mider. Laris banget ditukoni mamak-mamak. Nek wis jam 04.00 sore, mamak-mamak mesti pada nunggoni bakule dage liwat. “Dage..dage..dage” kaya kuwe suarane bakul dage nek lagi liwat ndesaku. Hampir tiap hari bakule dage mesti liwat. Tau suatu hari bakule dage ora liwat nang desaku.
Biasane nek bakul dagene ora liwat, mang Ujang mesti nggarapi mamak-mamak sing lagi pada depresi nunggoni bakul dage.

Mang Ujang kuwe suarane persis kaya bakul dage. Senengane nirokna bakul dage “Dage..dage..dage”. Jan persis banget pokokke. Tapi bakate mang Ujang sing bisa nirokna suarane bakul dage kuwe, pada langka sing ngerti. Pas bakul dagene ora liwat-liwat, mang Ujang mlaku sambil nirokna suarane bakule dage “Dage..dage..dage”. Mamak-mamak nang njero umah pada regudugan metu mung arep tuku dage. Tapi koh mbasan metu umah, bakul dagene langka. Mang Ujang tetep mlaku karo mbengok “Dage..dage..dage”. Mamak-mamake metu umah mening, nggoleti sumber suarane kuwe, karo gawa duit dengan harapan isa tuku dagene. Mbasan diturut-turut, deneng ana suarane, tapi bakule ora keton. Sih bakule maring ngendi kiye? Akhire dari arah sing berlawanan, ana sing ndeleng mang Ujang lagi mbengok-mbengok nirokna bakule dage. Yalah sidane ketauan nek biangane kuwe mang Ujang. Pada ketipu kabeh, tiwas wis pada regudugan ngoyok bakule dage, mbok keentongan koh. Kejadian kaya kuwe sering terjadi. Herane uwis ngerti nek mang Ujang sok nirokna suarane bakule dage nek pas lagi ora mider, tapi mereka isih tetep sering ketipu koh. Pancen suarane mang Ujang plek jiplek karo bakule dage.

Tapi siki mang Ujang uwis meninggal. Pas mang Ujang meninggal, dikubure awan. Tangga-tangga akeh sing layat. Mang Ujang wonge apik, ramah, karo seneng gojeg. Wis langka mening sing bisa nirokna suarane bakule dage. Sore-sore kebiasaan nini-nini nang kene kuwe pada ngumpul karo ndopok. Jenenge be nini-nini, dadi ya nganggone tapian jarit & rambut digelung. Setelah mang Ujang dikubur, sorene nini-nini pada kumpul jegongan & ndopok nang pelatarane tanggane.

Pas menjelang adzan magrib, ramane nyong arep meng warung. Nek meng warung mesti ngliwati umahe nini-nini sing lagi pada jagongan. Ramane nyong iseng-iseng nirokna suarane bakule dage sepanjang perjalanan mlaku menuju warung “Dage..dage..dage”. Nini-ninine sing lagi pada jegongan krungu suarane tapi urung weruh sapa sing bersuara, langsung nini-ninine mlayu kebirit-birit karo cincing-cincing jarit, mereka keweden bangetin, dikirane kuwe suarane mang Ujang sing tembe dikubur mau awan. Soale kebiasaane mang Ujang sok nirokna bakule dage. Ternyata ramane nyong juga due bakat dadi bakul dage geh.

8 komentar:

  1. rika urung tau crita sing kiye deneng?
    wakakkakkak rmane rika iseng banget sih?! nini2 diisengi hahha.

    ngone rika jenenge dage, ndean nggonku jenenge dages yah..
    ampas tahu mbok? biasa didol bareng karo mendoan dan kerabat.

    BalasHapus
  2. Masa si nyong rung tau crita? Si Cong ndean sing tek critani.

    Dages karo dage beda Ni. Nek dages kan ampase warna krem, nek dage ampase ireng. Genah kayane sing ana mung gene nyong tok.

    BalasHapus
  3. oh beda ya? apa dages ampas tahu.. angger dage ampas dages ya? hahahaha langka pitamine blas!!

    BalasHapus
  4. Wakakak.. Iya ya Ni, tengkyu sarane. Maen kue. Bahasa Cilacape Misteri sih apa?

    BalasHapus
  5. Wakakak, iya dage kuwe ampase dages ndean ya. Jare mamake nyong be langka vitamine blas koh. Mulane dadine anak-anake mamakku utekke pada kaya nyong, utekke berampas, haha.

    BalasHapus
  6. wakakakkak.. apa yah? mbuh luh.. langka ndean..haha

    BalasHapus
  7. bahasane jen ngapak pisan, melu seneng esih ana sing gelem chating karo bhs banyumasan.
    tempe gembus atau dages bahan dasare ampas tahu, nek dage bahan dasare bungkil kelapa

    BalasHapus