Senin, 13 September 2010

MUDIK KECEMPET


Rebo, 8 September 2010 nyong mudik meng Cilacap. Esuk-esuk mruput nyong wis tangi, sarapan, terus mudik. Nyong dijujukna batirku nunggang motor meng terminal Giwangan Jogja. Tekan terminal jam 09.30. Nyong arep numpak bis patas Efisiensi jurusan Cilacap. Bise rung ana. Jare kenekke bise teka jam 10.30. Ya wis tek tunggoni bae kadar 1 jam mening ikih ora sue, batinku. Nyong nunggoni karo ngadeg, kursi sing nggo pranti nunggu wis pada dijegongi.

Uwis jam 10.30 ndi kiye deneng bise rung ndongol-ndongol? Nyong wis ketar-ketir perasaane, wedi mbok-mbokan tekan Cilacap bengi, ngko ya ora ulih bis jurusan umah.  Bola-bali nyong ndeleng jam. Yalah uwis jam 11.00 urung ana bise. Bise urung ndongol, tapi sing ngenteni wis pada ndongol akeh bangetin. Akhire jam 11.30 bise ndongol, nyong lega. Begitu lawang bise dibukak, langsung pada rebutan gole munggah. Pancen kiye gole numpak bis ora perlu tuku tiket ndimin, tapi langsung munggah mbayare nang njero bis. Nyong jelas kalah gole rebutan bis. Awake nyong cilik dewek, liyane awake pada kaya preman. Nyong berusaha ndesek-ndesek ben bisa mlebu bis, tapi nyong palah kedesek, nyong tiba. Tapi nyong menyat dewek. Ialah melas banget yakin. Ya wis lah akhire nyong ora ulih bis. Nyong nunggu Efisiensi sing berikute. Jare kenekke sing berikute wis nang mburi, dilit mening teka.

Nyong lega mening. Dasare lambene kenekke ora bisa dipercaya, jare dilit mening uwis nang mburi bise, ndi nyatane langka apa-apa Lik. Goroh kenekke. Nyong nunggu mening karo ngadeg. Akhire jam 12.30 bise ndongol. Nyong sumringah. Rebutan mening, desek-desekan mening, cempet-cempetan mening, kalah mening.  Nyong mbatin “Jajal nek awakku gedhe, nyong mesti wis bisa mlebu bis kawit mau”. Pas lagi rebutan kenekke mbengok-mbengok “Sing mlebu sing wedon-wedon tua ndimin”. Nyong seneng, ih kiye bearti nyong didahulukan geh, nyong kan wedon. Nyong langsung ndesek-ndesek mlebu, ternyata ora ulih koh nang kenekke. Kenekke “Sing tua-tua ndimin, kowe kan isih enom”. Ialah lagi-lagi nyong gagal, tapi nyong kan wedon, batinku. Ya wis lah ngadeg mening karo nunggu sing berikute. Mening-mening kenekke ngomong nek sing berikute uwis ana nang mburi, dilit mening. Nipu mening.

Nyong wis putus asa. Nyong memutuskan ora sida mudik Cilacap. Nyong arep bali umah Jogja mening bae daripada tekan Cilacap mbengi ngko uwis langka bis mening sing arah meng umah. Ihh palah udane nyrocos deres banget. Priwe kiye gole arep bali umah Jogja? Duh jan. Ya wis lah, sidane tek putuskan nunggoni bis Efisiensi mening, karo nunggu terang. Nek uwis terang, nyong arep bali umah Jogja, ora sida mudik.
Jam 13.30 bise ndongol. Nyong gagean cempet-cempetan mening ben bisa mlebu bis. Kali ini nyong brutal. Akhire dengan kebrutalane nyong, nyong bisa munggah bis, ulih jagongan, duh ayem nemen atine nyong. Nyong jejer mas sangar bersuara lembut. Setelah 4 jam ngadeg karo ngempet weteng mules, akhire nyong bisa njegong nang njero bis karo silir-siliran AC nang dhuwur sirahe nyong. Atine nyong wis tenterem tapi ragane nyong ora tenterem. Nang ngapa??

3 komentar:

  1. Alhamdulilah.. nyong isa mgrasakna kebahagiaane rika sing ora terhingga entuk korsi.

    wakakkakakk.. cerita bersambung kie ya jon?!

    BalasHapus
  2. rika jelas khawatir, soale umahe ria sekang cilacap kota tesih adoh.. kudu numpak bisa maning.. rika umahe nang cilacap ndesa sih.. pindah ya, mengkota.. meskipun rika wong ndesa, ora papa meng kota mbok? nek ragane rika sing durung tentrem, ndean gara2 wetenge rika mules, arep ngentut ora kepenak mbok? oalah ni.. dadi wong koh melasi bae koh...

    BalasHapus
  3. Ninine : Iya rika melu ngrasakna soale rika tek SMS si terus sepanjang perjalanan macet, hahaha.

    Iya Jhon, cerita bersambung kuwe. Selengkape harep crita kejadian nang njero bis sampe tekan umah Gandrung.

    Kakine : Wakakak harep pindah meng kota, tapi kotane sing ora gelem nrima nyong koh. Ethok-ethok lemahe uwis langka sing kosong mening, padahal asline isih ngaduk diuk. Mung alesan bae nek bebeh nrima nyong.

    Aja salah Ki, nyong kuwe bas bes bas bes bae nang njero bis gara-gara mules, nganti jejere nyong buang muka koh.

    BalasHapus